Pidato
Basa Jawa....
Ngokooooo.....
:D
Halooo
kanca-kanca piye kabare??? apik-apik wae too... ketemu meneh karo akuuu Dian
Kursita sek paling ayu dewe hahahahah.. Aku ameh cerito neng kene, crito opo
seng tak rasakne setaun kepungkur (nek ra salah). Langsung wae, biyen aku tau
duwe masalah, jan-jane masalahe sepele banget (tak akoni), aku cemburu karo
pacarku. Cemburu?? ho o mung mergo cemburu aku duwe masalah, karo wong liyo
meneh, duh duuuhh....
Ngapuro sak durunge nek aku
“lancang/mbancangi/utowo ngganggu” kowe sek do moco opo seng tak tulis neng
blogku iki, duduk maksudku ngelek-elek, ngece, ngunekke, ngeleng-ngeleng masa
lalu, nyindir utowo malah banggakne awakku dewe. Aku mung nyritakne opo seng
tak alami. Nek seumpomo ono seng kesindir yo ngapurane wae.... :D
Lanjuutt... Aku due pacar, lah..
pacarku duwe tonggo, hnah.. “saking”
cerak e mereka ciiaaah.. mboh ngopo mereka Sahabatan.. hnahhh.. Jarene
sih sahabate pacarku kuwi mau mung pindahan, aku reti de e pindahan seko ngendi
tor rasah tak sebutne, gek de e ngunekne kampunge seng mbiyen di tinggali
nganggo “sampah masyarakat”..... Atos ra??? kewanen toh???
(lalekne!).
***
Mboh ngopo aku ra seneng karo
sahabate pacarku kuwi, luwih ayu yo ora sih... ahhahhahaa. Reti dewe aku wonge
koyo piye, yowes. Aku mung pengen de e ilang seko sekelilingku.
Terus aku reti wonge koyo kepiye
bentukanne. Aku reti mergo aku dijak latihan takbiran idul adha neng kampunge
pacarku. Aku mung mbatin karo nggolek i seng endi uwonge, trus hhnnaaah aku
jedek salah siji nek kuwi uwonge karo ngakak neng jero ati. Wwwweeehhh wonge
kuwi duk e, kok koyo ngono kuwi bentukane huahahah...
Bar kuwi ora let suwe aku curhat
karo pacarku. Crito ngene-ngene-ngene opo seng tak rasakne, termasuk aku seng
ra seneng karo sahabate, njut aku di takoni karo pacarku “ngopo kowe ra seneng
karo de e??” simpel wae lah aku le jawab, “Aku raseneng pacarku cedak-cedak
karo wedokan liyo, mbuh kuwi neng ikatan kanca, sahabat, utowo liyane, aku raseneng.
Bar crita koyo ngono neng pacarku aku
ngroso rada ora ditanggepi ro de e. Otomatis aku nesu karo pacarku. Koyo
biasane lah, aku nek nesu ro pacarku de e tak seneni bar kuwi terus tak nengke
wae.
Hnnnnaaaaahhhhhhh.... crito seng sak
serune yo iki, wektu aku ngenengke pacarku mergo sahabate. Ternyata, ora tak
sangka-sangka jebul pacarku malah curhat neng sahabate seng ra tak senengi
kuwi.. jeng jeng jeng....
Reti dewe nek lambe cah wedok kepiye
“TROCOH”. De e banjur gawe status neng twitter seng isine
nyindir aku. (Jan-jane aku ki reti opo wae seng dicurhatke neng de e). naaah yo
kuwi seng marakke aku padu karo uwong meneh.De e nyindir aku macem-macem.
Jan-jane aku wegah nangepi, tapi ngopo aku malah nanggepi??, kuwi mergone ben
de e ra ngremehne wong liya sak karepe dewe.
Ragelem kalah, aku yo bales
sindirane de e lewat status twitterku, lah, ono twitt e sek nyindir aku banget,
hhhuaaa.. rasah ndadak dikon aku langsung mention statuse de e mau sing nyindir
aku, njut tak unek-unekne langsung sak karepku dewe neng twitter.
eeeehhh
ternyata de e malah soyo nglunjak sakkarepe dewe le ngunekne aku, ngunekne koyo
binatang lah “kalo mencintai seseorang cintailah juga lingkungannya” blaah
blaaah bllaaahh aaah mboh lah aku lali, tor salah sijine de e ngunekne ngono.
Akhire
tak neng ne wae, aku wegah padu neng medsos karo wong ra penting koyo ngono.
Bar kuwi aku malah di kei reti karo koncoku nek aku di unekne neng blog e de e,
koncoku iso reti mergone aku crito opo seng tak alami selama kuwi.
Dengan
jelase de e ngunekne aku pengganggu, ngunekne aku setan lah, trus koyo ngono
kae, bar kuwi tulisan neng blog e de e kuwi tak copy paste, banjur tak delokne
pacarku, karo emosine aku ndelokne isi blog e “sahabat” e kuwi seng jelas-jelas
nek mbuktekne de e ki wong seng ra apik.
“Nyoh!!
delok en kelakuane “sahabatmu” seng sangat-sangat ora duwe etika, ora duwe
sopan-santun”. Banjur tak balangke hapeku seng tak nggo ngopas tulisane
sahabate kuwi. Bar rampung pacarku moco kuwi njut de e takon, “kuwi sopo seng
gawe? kok entok kuwi seko ngendi??” njut tak jelasne kabeh ro tak bandani.
Bar
kuwi pacarku langsung jukun hpne, aku maune rareti de e ameh ngopo, eh ternyata
de e sms sahabate seng ra due etika mau. Karo nesu-nesu kae pacarku sms,
batinku yo mung ngakak. Salahe sopo kok dadi uwong raduwe sopan-santun karo
wong liyo.
Mboh
piye kelanjutane pacarku karo sahabate. Tor sak retiku wes ratau smsan. Tor
emboh seng aku rareti. De e mulai sengit karo sahabate dewe. Seng biyen biasane
nek neng nesjid di pacok-pacokne dadi ora gelem. Seng maune sak ayah-ayah smsan
dadi ratau.
Meneh
pas takbiran idul adha wingi iki, pas neng persimpangan dalan rombongan podo
mandek, njut salah siji pemuda ngomong. “heh mbakyu mu diampiri kono” banjur
ana seng jawab “weeeh rasudi banget ngampiri” Bar rampung takbiran aku banjur
nganteni pacarku ngeterne aku bali, aku ngenteni karo ibuke lan ibu-ibu liyane.
Banjur ono seng takon salah sijine neng aku, dikirone aku cah kono, “kok .....
ra ketok ki neng ngendi??” “trus tak jawab wae.” Mboten e retos kulo” “de
e ki wes ora disenengi karo cah-cah kene, wonge ki sok sibuk, koyo mbokne, nek
cah cilik ki yo sibuk ngopo to.?”
***
Durung
suwi wingi aku dolan karo pacarku. Biasa, nek bar dolan njur podo gojeg lan ngobrol.
Neng kono malah ngomongne remaja masjid e dewe-dewe. Aku cerito lehku dadi mc
neng pengajian maulid nabi bengine karo lehku dadi sekretaris pemuda masjid,
padahal lagi pisan kuwi aku mangkat rapat, gek pas pemilihan anggota anyar
pengurus meneh. Gek pacarku yo crito tentang remajane masjide de e, de e nyritakne
sek pas seneng- seneng karo pas ono masalah. De e ngeluh saiki jarang ono
kegiatan karo ngeluh tentang kelakuan kanca-kancane neng organisasi pemuda.
Rasengojo
aku kepikiran nyindir tentang “MANTAN” sahabate biyen, banjur aku ngomong. piye
saiki “sahabatmu”?. Banjur de e jawab, “Aku wes ratau karo de e, de e yo wes
jarang metu neng mejid, sok sibuk wonge, wonge ratau srawong ro tonggo, wes ora
disenengi ro wong kene.” “padahal anak e takmir mesjid” banjur aku ngelo “wehlah..
ho o po?? njut maksude biyen ngunekne aku koyo ngono opo?? berarti kabeh seng
diunekne neng aku ki mbalik neng de e?? keno karma to??. “Wahahhahah aku yo rareti. wes rasah dibahas”
de e ngomong. Banjur aku lan pacarku duwe utowo nggawe prinsup anyr nggo wong
loro yoiku, “Percuma sugeh nek ora tau srawung tonggo”
***
Maksudku
nyritakne iki yo mung arep ngluruske. Ngluruske opo seng di unekne wong kae
neng aku ki salah. Salah kabeh. Uwong ki kudune duwe adab
asor marang wong liyo. Ora sak karepe dewe. Secara uwong ki makhluk sosial. Manungsa
ora iso ngadek dewe !!. Uwong ki kudune iso jogo lambe
!.
Aku
pengen kowe kabeh seng biyen ngunekke aku sak karepe dewe ki mikir, hukum “KARMA”
berlaku dinggo sopo wae lan kapan wae. Kowe-kowe sak durunge ngunekne uwong liya
ki “NGRUMANGSANI” delok dewek e dewe ki koyo opo, piye bentuk
e, ora mung waton nylekop. Nek perlu ki “NGOCO”.
Intine aku mung arep ngekon kowe-kowe “SADAR DIRI” WIS MUNGKUWI.
Ngapurane nek aku sak karepe dewe, ngapurane nek aku waton
omong, ngapurane nek aku nglarani ati, neng kene aku mung ngungkapke opo seng
bener lan opo seng sak tenane.
Wes ngono wae rasah akeh-akeh. Mugo-muga critaku bia dadekne pelajaran kanggo
sopo wae seng mocolan ono manfaate. Sory nek aku malah curhat.
byee byeeee....