Kamis, 08 Januari 2015

Kenyataan Yang Lebih Nyata

Pidato Basa Jawa.... 


Ngokooooo..... :D

Halooo kanca-kanca piye kabare??? apik-apik wae too... ketemu meneh karo akuuu Dian Kursita sek paling ayu dewe hahahahah.. Aku ameh cerito neng kene, crito opo seng tak rasakne setaun kepungkur (nek ra salah). Langsung wae, biyen aku tau duwe masalah, jan-jane masalahe sepele banget (tak akoni), aku cemburu karo pacarku. Cemburu?? ho o mung mergo cemburu aku duwe masalah, karo wong liyo meneh, duh duuuhh....
            Ngapuro sak durunge nek aku “lancang/mbancangi/utowo ngganggu” kowe sek do moco opo seng tak tulis neng blogku iki, duduk maksudku ngelek-elek, ngece, ngunekke, ngeleng-ngeleng masa lalu, nyindir utowo malah banggakne awakku dewe. Aku mung nyritakne opo seng tak alami. Nek seumpomo ono seng kesindir yo ngapurane wae.... :D
            Lanjuutt... Aku due pacar, lah.. pacarku duwe tonggo, hnah.. “saking”  cerak e mereka ciiaaah.. mboh ngopo mereka Sahabatan.. hnahhh.. Jarene sih sahabate pacarku kuwi mau mung pindahan, aku reti de e pindahan seko ngendi tor rasah tak sebutne, gek de e ngunekne kampunge seng mbiyen di tinggali nganggo “sampah masyarakat”..... Atos ra??? kewanen toh??? (lalekne!).
                                                                        ***
            Mboh ngopo aku ra seneng karo sahabate pacarku kuwi, luwih ayu yo ora sih... ahhahhahaa. Reti dewe aku wonge koyo piye, yowes. Aku mung pengen de e ilang seko sekelilingku.
            Terus aku reti wonge koyo kepiye bentukanne. Aku reti mergo aku dijak latihan takbiran idul adha neng kampunge pacarku. Aku mung mbatin karo nggolek i seng endi uwonge, trus hhnnaaah aku jedek salah siji nek kuwi uwonge karo ngakak neng jero ati. Wwwweeehhh wonge kuwi duk e, kok koyo ngono kuwi bentukane huahahah...
            Bar kuwi ora let suwe aku curhat karo pacarku. Crito ngene-ngene-ngene opo seng tak rasakne, termasuk aku seng ra seneng karo sahabate, njut aku di takoni karo pacarku “ngopo kowe ra seneng karo de e??” simpel wae lah aku le jawab, “Aku raseneng pacarku cedak-cedak karo wedokan liyo, mbuh kuwi neng ikatan kanca, sahabat, utowo liyane, aku raseneng.
            Bar crita koyo ngono neng pacarku aku ngroso rada ora ditanggepi ro de e. Otomatis aku nesu karo pacarku. Koyo biasane lah, aku nek nesu ro pacarku de e tak seneni bar kuwi terus tak nengke wae.
            Hnnnnaaaaahhhhhhh.... crito seng sak serune yo iki, wektu aku ngenengke pacarku mergo sahabate. Ternyata, ora tak sangka-sangka jebul pacarku malah curhat neng sahabate seng ra tak senengi kuwi.. jeng jeng jeng....
            Reti dewe nek lambe cah wedok kepiye “TROCOH”. De e banjur gawe status neng twitter seng isine nyindir aku. (Jan-jane aku ki reti opo wae seng dicurhatke neng de e). naaah yo kuwi seng marakke aku padu karo uwong meneh.De e nyindir aku macem-macem. Jan-jane aku wegah nangepi, tapi ngopo aku malah nanggepi??, kuwi mergone ben de e ra ngremehne wong liya sak karepe dewe.
            Ragelem kalah, aku yo bales sindirane de e lewat status twitterku, lah, ono twitt e sek nyindir aku banget, hhhuaaa.. rasah ndadak dikon aku langsung mention statuse de e mau sing nyindir aku, njut tak unek-unekne langsung sak karepku dewe neng twitter.
eeeehhh ternyata de e malah soyo nglunjak sakkarepe dewe le ngunekne aku, ngunekne koyo binatang lah “kalo mencintai seseorang cintailah juga lingkungannya” blaah blaaah bllaaahh aaah mboh lah aku lali, tor salah sijine de e ngunekne ngono.
Akhire tak neng ne wae, aku wegah padu neng medsos karo wong ra penting koyo ngono. Bar kuwi aku malah di kei reti karo koncoku nek aku di unekne neng blog e de e, koncoku iso reti mergone aku crito opo seng tak alami selama kuwi.
Dengan jelase de e ngunekne aku pengganggu, ngunekne aku setan lah, trus koyo ngono kae, bar kuwi tulisan neng blog e de e kuwi tak copy paste, banjur tak delokne pacarku, karo emosine aku ndelokne isi blog e “sahabat” e kuwi seng jelas-jelas nek mbuktekne de e ki wong seng ra apik.
“Nyoh!! delok en kelakuane “sahabatmu” seng sangat-sangat ora duwe etika, ora duwe sopan-santun”. Banjur tak balangke hapeku seng tak nggo ngopas tulisane sahabate kuwi. Bar rampung pacarku moco kuwi njut de e takon, “kuwi sopo seng gawe? kok entok kuwi seko ngendi??” njut tak jelasne kabeh ro tak bandani.
Bar kuwi pacarku langsung jukun hpne, aku maune rareti de e ameh ngopo, eh ternyata de e sms sahabate seng ra due etika mau. Karo nesu-nesu kae pacarku sms, batinku yo mung ngakak. Salahe sopo kok dadi uwong raduwe sopan-santun karo wong liyo.
Mboh piye kelanjutane pacarku karo sahabate. Tor sak retiku wes ratau smsan. Tor emboh seng aku rareti. De e mulai sengit karo sahabate dewe. Seng biyen biasane nek neng nesjid di pacok-pacokne dadi ora gelem. Seng maune sak ayah-ayah smsan dadi ratau.
Meneh pas takbiran idul adha wingi iki, pas neng persimpangan dalan rombongan podo mandek, njut salah siji pemuda ngomong. “heh mbakyu mu diampiri kono” banjur ana seng jawab “weeeh rasudi banget ngampiri” Bar rampung takbiran aku banjur nganteni pacarku ngeterne aku bali, aku ngenteni karo ibuke lan ibu-ibu liyane. Banjur ono seng takon salah sijine neng aku, dikirone aku cah kono, “kok ..... ra ketok ki neng ngendi??” “trus tak jawab wae.” Mboten e retos kulo” “de e ki wes ora disenengi karo cah-cah kene, wonge ki sok sibuk, koyo mbokne, nek cah cilik ki yo sibuk ngopo to.?”
                                                            ***
Durung suwi wingi aku dolan karo pacarku. Biasa, nek bar dolan njur podo gojeg lan ngobrol. Neng kono malah ngomongne remaja masjid e dewe-dewe. Aku cerito lehku dadi mc neng pengajian maulid nabi bengine karo lehku dadi sekretaris pemuda masjid, padahal lagi pisan kuwi aku mangkat rapat, gek pas pemilihan anggota anyar pengurus meneh. Gek pacarku yo crito tentang remajane masjide de e, de e nyritakne sek pas seneng- seneng karo pas ono masalah. De e ngeluh saiki jarang ono kegiatan karo ngeluh tentang kelakuan kanca-kancane neng organisasi pemuda.
Rasengojo aku kepikiran nyindir tentang “MANTAN” sahabate biyen, banjur aku ngomong. piye saiki “sahabatmu”?. Banjur de e jawab, “Aku wes ratau karo de e, de e yo wes jarang metu neng mejid, sok sibuk wonge, wonge ratau srawong ro tonggo, wes ora disenengi ro wong kene.” “padahal anak e takmir mesjid” banjur aku ngelo “wehlah.. ho o po?? njut maksude biyen ngunekne aku koyo ngono opo?? berarti kabeh seng diunekne neng aku ki mbalik neng de e?? keno karma to??.  “Wahahhahah aku yo rareti. wes rasah dibahas” de e ngomong. Banjur aku lan pacarku duwe utowo nggawe prinsup anyr nggo wong loro yoiku, “Percuma sugeh nek ora tau srawung tonggo
                                                            ***
Maksudku nyritakne iki yo mung arep ngluruske. Ngluruske opo seng di unekne wong kae neng aku ki salah. Salah kabeh. Uwong ki kudune duwe adab asor marang wong liyo. Ora sak karepe dewe. Secara uwong ki makhluk sosial. Manungsa ora iso ngadek dewe !!. Uwong ki kudune iso jogo lambe !.
Aku pengen kowe kabeh seng biyen ngunekke aku sak karepe dewe ki mikir, hukum “KARMA” berlaku dinggo sopo wae lan kapan wae. Kowe-kowe sak durunge ngunekne uwong liya ki “NGRUMANGSANI” delok dewek e dewe ki koyo opo, piye bentuk e, ora mung waton nylekop. Nek perlu ki “NGOCO”. Intine aku mung arep ngekon kowe-kowe “SADAR DIRI” WIS MUNGKUWI.
Ngapurane nek aku sak karepe dewe, ngapurane nek aku waton omong, ngapurane nek aku nglarani ati, neng kene aku mung ngungkapke opo seng bener lan opo seng sak tenane. Wes ngono wae rasah akeh-akeh. Mugo-muga critaku bia dadekne pelajaran kanggo sopo wae seng mocolan ono manfaate. Sory nek aku malah curhat.

byee byeeee....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar